Saturday, July 16, 2011

Anjlokipun regi lombok nuwuhaken kaprihatosan tumrap para kadang tani

Gunungkidul, www.jogjatv.tv - Sasampunipun sawetawis wekdal kapengker regi lombok awis satemah ndudut kawigatosan saking sawetawis pehak, samangke regi lombok anjlok. Regi lombok ingkang sakawit Rp. 12.000,- ngantos Rp. 15.000,- samangke reginipun namung Rp. 6.000,- saben kilonipun.
Anjlokipun regi lombok nuwuhaken kaprihatosan tumrap para kadang tani ing sawetawis tlatah wewengkon Kabupaten Gunungkidul. Awisipun regi lombok sawetawis wekdal kapengker, dipun wawas dening petani minangka kalodhangan kangge pados bebathen, nanging kasunyatanipun dhawah kosok wangsulipun. Nalika petani panen lombok, regi lombok anjlok. Sukatmi salah satunggaling petani ing Karangmojo, Gunungkidul mratelakaken, anjlokipun regi lombok njalari petani nandhang kapitunan.
Mboten namung anjlokipun regi kemawon ingkang njalari sesangganipun para kadang tani lombok saya awrat. Ing mangsa panen samangke, kathah uwit lombok ingkang ugi katerak pathek, satemah kathah uwoh lombok ingkang risak, lan para kadang tani gagal panen.

No comments:

Post a Comment